Falsafah Ngopi (Ngolah Pikiran)

Falsafah Ngopi (Ngolah Pikiran) ꦔꦺꦴꦥꦶ (ꦔꦺꦴꦭꦃꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦤ꧀)


Manungsa kuwi sejatine kudu remen ngopi (ngolah pikiran),  
Mula kopi iku rasane pait (tanpa itungan).
Nanging sak pait-paite kopi, isih isa digawe legi (legawa ning ati).
Carane kudu ditambahi gula (gulangane rasa).
Sing asale soko tebu (manteping kalbu).
Banjur diwadahi cangkir  (nyancangake pikir).
Terus disiram wedang (wejangan sing marahi padhang).
Aja lali di udheg (usahane aja nganti  mandheg).
Anggone  ngudheg nganggo sendok (sèndhèrake mring kautaman).
Dienteni ben rada adem (ati digawa lerem)
Bar kuwi diombe karo di seruput (sadaya rubeda bakal luput).




ꦔꦺꦴꦥꦶ
ꦔꦺꦴꦭꦃꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦤ꧀     
ngopi
ngolah pikiran


ngopi = minum kopi; ngolah pikiran = mengolah pikiran
pait = pahit; tanpa itungan = tanpa perhitungan
legi = manis; legawa ning ati = ikhlasnya hati
gula = gula; gulangane rasa = pengelolaannya rasa
tebu = tebu; manteping kalbu = mantapnya kalbu
cangkir = cangkir; nyancangake pikir = menambatkan pikiran
wedang = wedang; wejangan sing marahi padhang = wejangan yang membuat terang
udheg = aduk; usahane aja nganti mandheg = usahanya jangan sampai berhenti
sendok = sendok; sèndhèrake mring kautaman = senderkan pada keutamaan
adem = dingin, sejuk; ati digawa lerem = hati dibuat tenang
seruput = hirup; sadaya rubeda bakal luput = terhindar dari segala bahaya





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Manusia Sebagai Citra Allah

Citra Allah (צֶלֶם אֱלֹהִים‎)(صُورَةِ اللهِ)